Drumband SD Dewi Sartika

Drumband SD Dewi Sartika
Dumband SD Dewi Sartika

Kamis, 07 Maret 2013

BASA JAWA (UKARA TANGGAP LAN UKARA TANDUK)


1. Ukara tanduk yaiku ukara sing jejere (Subyek) nglakoake pakaryan.
Tuladha :
-    Ibu tindak dhateng Banyumas
-     Bapak maos koran
-     Eyang nembe siram
-     Adhik mangan anggurIng ukara tanduk, biasane wasesane nganggo ater-ater hanuswara. Kang kalebu ater-ater hanuswara kui -an, am, any, lan ang . Ater-ater hanuswara lumrahe ateges solah tingkah utawa nindakake pagaweyan. Ater-ater hanuswara uga lumrah mratelakake tembung “tanduk” (aktif).
Tuladha :
am + pacul —-> macul, (p luluh), tegese nindakake pegaweyan kang migunaake pacul
an + tulis  —-> nulis ( t luluh ) , tegese nindakake pegaweyan kang ngasilake tulisan
any + sapu —-> nyapu ( s luluh ), tegese nindakake pegaweyan kang migunaake sapu
ang + arit —-> ngarit , tegese nindakake pegaweyan kang migunaake arit

2. Ukara tanggap yaiku ukara sing jejere(subyek) dikenani pakaryan
Tuladha :
–    Kembange dipethik simbah
-     Jeruke dipangan adik
-     Pelem dijupuk Shasa
-     Teh diunjuk Pakdhe
Yen ing ukara tanduk wasesane nganggo ater-ater hanuswara, ing ukara tanggap ater-ater kang digunakake ater-ater tripurusa. Ater-ater tripurusa kuwi ana 3, yaiku tak, ko, lan di. Ater-ater tripurusa iku kosokbalene ater-ater hanuswara. Beda karo ater-ater hanuswara, ater-ater tripurusa mratelake tembung “tanggap” (pasif).


Tegese tembung:
Jejer yaiku: samubarang kang dianggep duwe adeg dhewe sarta dadi bakuning gunem utawa carita. Lumrahe awujud tembung aran, sarta dadi wangsulane pitakon:
Apa sing …?
Sapa sing…?
Wasésa yaiku: samubarang kang dadi caritane jejer. Lumrahe awujud tembung kriya. Ananging ana uga kang awujud tembung: aran, kaanan, sesulih, wilangan, lan sapanunggalané. Sarta dadi wangsulan saka pitakon:
kepriyé…?
ngapa…?
Lésan yaiku: samubarang kang dadi watesaning wasesa, utawa kang nerangake wasesa. Lesan, kapilah dadi papat, yaiku:
lesan panindak
lesan panandang
lesan panyabab
lesan panampa
Katrangan yaiku: yaiku kang dadi andharaning wasesa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar